Tuesday, August 25, 2015

my success is only by allah

APA DAN SIAPA KITA?


Waktu itu saya dalam perjalanan dari Jogya ke Jakarta naik pesawat. 
Karena keberangkatan pesawat ditunda 1 jam saya menunggu di kafetaria bandara Adisucipto sekedar minum kopi. Didepan saya duduk seorang ibu sudah agak tua, memakai pakaian Jawa tradisional kain batik dan kebaya, wajahnya tampak tenang dan keibuan. 
Sekedar mengisi waktu, saya mengajaknya bercakap-cakap.
"Badhe tindak Jakarta, Bu."
"Inggih nak, namung transit ing Cengkareng lajeng dhateng Singapura."
"Menawi kepareng nyuwun pirsa, kagungan perlu menapa ibu tindak Singapura..?"
"Tuwi anak kula ingkang nomer kalih Nak. Semahipun nglairaken wonten ngrika lajeng kula dipun kintuni tiket lan dipun urusaken paspor langkung Biro Perjalanan. Dados kula kantun pangkat boten sisah repot ngurus menapa-menapa".
"Ingkang putra ngasta wonten pundi Bu.?"
"Anak kula menika Insinyur Perminyakan, nyambut damel wonten Perusahaan Minyak Asing, samenika dados Kepala Kantor Cabang Singapura."
"Putra sedaya pinten, Bu.?"
"Anak kula sekawan Nak, jaler tiga, estri setunggal. Menika wau anak kula nomer kalih. Ingkang nomer tiga ugi jaler, Dosen Fakultas Ekonomi UGM, samenika saweg mendhet Program Doktor wonten Amerika. Ingkang ragil estri, dados dokter spesialis 
Anak, semahipun ugi dokter Ahli Bedah lan dosen wonten Fakultas Kedokteran Airlangga Surabaya."
"Menawi putra mbajeng.?"
"Piyambakipun tani, Nak. Manggen ing Godean nggarap sabin tilaranipun swargi bapakipun".
Saya tertegun sejenak lalu dengan hati-hati saya bertanya,
"Temtunipun Ibu kuciwa kaliyan putra mbajeng nggih Bu. Kok boten sarjana kados rayi-rayinipun."
"Babarpisan boten,Nak. Kita sedaya malah ngurmati piyambakipun. Kanthi kasil saking sawahipun, piyambakipun ngragadi gesang kita sakulawarga lan nyekolahaken rayi-rayinipun sedaya ngantos rampung sarjana".
Saya merenung :
Ternyata yang penting bukan Apa atau Siapa kita, tetapi apa yang telah kita perbuat. 
Allah tidak akan menilai apa dan siapa kita tetapi apa amal-ibadah kita. 


Tanpa terasa air mata mengalir di pipiku....


Berawan Com berawan com my success is only by allah




0 komentar:

Post a Comment