Thursday, February 19, 2015


Agus Lungguh De We'an Nang Bar


Gak sepiro suwene koncone sing jenenge Bambang mlebu ambek nggandeng wong wedok 5 uayu2, terus lungguh neng lounge, gayane ngebosi koyo' raja minyak,

gayane ngebosi koyo' raja minyak, guyon cekakakan karo bolak balik cipika cipiki, wis pokok'e marai kemropok. Agus mbatin, "kapan nasibku koyo' Bambang. Lha aku wong wedok siji wae ora gablek". 

Pas Bambang mlaku nang Bar, Agus ono kesempatan takon: "mBang piye carane awakmu iso oleh kencanan ayu2?" 

Bambang: "ojo' crito2 yo, tak kandani rahasiane ....mrené nek awakmu dolan rene maneh ... begitu awakmu lungguh neng Bar, uncalno kunci mobilmu neng mejo Bar, wis mesti wong wedok2 iku marani" 

Agus: "tapi aku gak duwe mobil, aku mung duwe sepeda montor wae wis elek, knalpote ucul pisan.... " 

Bambang: "awakmu cuma perlu gantungan kunci mobil. Iki delok'en aku duwe gantungan kunci Jaguar. Yo cuma' ngono thok modalku" Sesuk bengine, Agus kledhang2 mlebu kafe; 

Bambang wis ono' neng jero lungguh karo wong wedok telu. AGUS marani Bar, karo nguncalno kunci sak gantungan mobile FERRARI neng duwur mejo Bar ....?gak ono' reaksi babar pisan... Kunci dijupuk maneh disak'i ... bareng ono' wong wedok liwat, kunci diuncalno maneh nang duwur meja Bar.... ?

gak ono' reaksi maneh, malah di-guyu2. 

Bambang sing wiwit mau ngawasno wae langsung marani Agus, karo mbisiki: "...awakmu iku lho, kok goubloggg nemen to .. !!? 

COPOTEN DISIK HELM sepeda montormu !!!! X_X


Berawan Com teros aku kudu piye jum


0 komentar:

Post a Comment